Wulang Bebasan 23:22-31 Kitab Sutji (JAV)

22. Rungokna pituture bapakmu kang nganakake kowe,lan aja nyepelekake biyungmu samangsa wus tuwa.

23. Tukua kabeneran lan aja kokedol maneh,mangkono uga kawicaksanan, pamerdi lan kawasisan.

24. Bapakne wong kang bener iku bakal giyak-giyak,sarta sapa kang nglairake wong wicaksana iku bakal abungah-bungah.

25. Kareben bapa lain biyungmu padha bungah,lan kang nglairake kowe cikben agiyak-giyak.

26. He anakku, atimu wenehna marang aku,sarta mripatmu cikben seneng marang dalan-dalanku.

27. Awit wong wadon tuna-susila iku jugangan kang jero,lan wong wadon lenjeh iku sumur kang ciyut.

28. Malah kaya begal anggone nyenyegat,lan ngakehake wong kang cidra ana ing antarane para manungsa.

29. Sapa kang ngadhuh-adhuh? Sapa kang sambat-sambat?Sapa kang padu? Sapa kang ngesah-esah?Sapa kang tatu tanpa sabab?Sapa kang mripate abang?

30. Yaiku para kang melek nganti tengah wengi karo ngombe anggur,kang padha teka prelu ngicipi anggur bumbon.

31. Aja mandeng marang anggur, kang abang memenginake banget warnane,sarta kileng-kileng ana ing tuwung,lan angler nikmat yen kaombe,

Wulang Bebasan 23