Wulang Bebasan 22:18-28 Kitab Sutji (JAV)

18. Marga manawa iku kokrawati ana ing sajroning ati bakal gawe senengmu,manawa kabeh iku cumawis ana ing lambemu.

19. Supaya kowe duwea pangandel marang Pangeran Yehuwah,saiki pitutur mau dakwulangake marang kowe, iya marang kowe dhewe.

20. Aku biyen rak wis nulis marang kowe,dakkantheni pitutur lan kawruh,

21. kanggo mulang marang kowe apa kang bener lan nyata,supaya kowe bisa mangsuli kanthi patitis marang kang ngongkon kowe.

22. Aja ndhedheli wong miskin, awit iku wus miskin,lan aja nindhes wong kang susah ana ing gapura.

23. Awit Pangeran Yehuwah mbelani prakarane,sarta sing sapa ngrampas marang wong mau, iku bakal dirampas nyawane.

24. Aja memitran kawo wong bengis,lan aja srawungan karo wong brangasan,

25. supaya kowe aja nganti kulina marang pari-polahe,lan marang jiret kanggo awakmu dhewe.

26. Kowe aja nganti kegolong wong kang nganakake pasarujukan,lan kang nanggung utang.

27. Saupama kowe ora duwe kang kagawe nyaur,yagene nganti paturon kang kokturoni dijupuk?

28. Aja ngelih tengere wates lemah kang lawas,kang wus ditetepake dening para leluhurmu.

Wulang Bebasan 22