Wulang Bebasan 20:23-26 Kitab Sutji (JAV)

23. Bandhul timbangan rong warna iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah,lan traju kang cidra iku ora becik.

24. Jangkahe wong iku katemtokake dening Sang Yehuwah,nanging kapriye manungsa anggone ngreti marang dalaning uripe?

25. Manawa wong tanpa pikir muni: “Suci,”sarta lagi nimbang-nimbang sawuse nduweni punagi,iku jiret tumrap awake dhewe.

26. Para wong duraka dititeni dening ratu kang wicaksana,lan padha diplindhes bola-bali.

Wulang Bebasan 20