5. kowe tumuli bakal nemu pangreten bab wedi-asih marang Pangeran Yehuwahlan oleh kawruh bab Gusti Allah.
6. Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan,saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran.
7. Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong kang jujur, --Panjenengane iku dadi tetamenge para wong kang lakune tanpa cacad --
8. kambi njagi lakuning kaadilan,lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha setya.
9. Mangkono dadine kowe bakal ngreti bab kabeneran, kaadilan,lan kejujuran, malah sarupane dalan kang becik.
10. Awitdene kawicaksanan bakal lumebu ing atimusarta kawruh iku bakal nyenengake nyawamu;
11. kawicaksanan bakal ngopeni kowe,sarta kapinteran bakal rumeksa marang kowe,
12. supaya kowe kaedohna saka ing dalan kang ala,saka wong kang nglairake apus krama;
13. saka wong kang padha ngungkurake dalan kang luruslan lumaku ing dalan kang peteng;
14. kang seneng nindakake piala,sarta surak-surak marga saka kadursilane;
15. kang menggak-menggok lakunelan kang keblinger tindak-tanduke;