Wulang Bebasan 19:26-29 Kitab Sutji (JAV)

26. Anak kang nganiaya bapakne utawa nundhung biyunge,iku ngalakake lan mirangake awake dhewe.

27. He anakku, aja ngrungokake pamerdi maneh,manawa kowe jebul iya nyimpang saka ing pitutur kang aweh kawruh.

28. Seksi kang ora ana gunane iku ngremehake angger-angger,lan cangkeme wong duraka nguntal para cidra.

29. Wong memoyok kacawisan paukuman,lan gegere wong gemblung dicepaki gitik.

Wulang Bebasan 19