6. Lambene wong gemblung njalari pasulayan,sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.
7. Wong gemblung nemahi karusakan marga saka cangkeme,sarta lambene dadi kala tumrap nyawane.
8. Tembunge wong mitenah iku kaya panganan kang enak-enak,kang lumebu ing sajroning ati.
9. Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane,iku wus dadi sadulure juru pangrusak.
10. Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa,wong bener padha ngungsi mrono temah slamet.
11. Tumrape wong sugih kutha kang santosa iku raja-darbeke,dirasa kaya balowarti kang dhuwur.
12. Lumuhur-luhur pepucuking karusakan,nanging andhap-asor iku margane kajen.
13. Manawa wong mangsuli sadurunge ngrungokake,iku bodho sarta cacad.
14. Kencenging ati marakake tahan nandhang sangsara,nanging sapa kang bisa mulihake semplahing ati?
15. Atine wong pinter ngolehake kawasisan,lan kupinge wong wicaksana ngupaya kapinteran.
16. Ganjaran ngomberake dalane wong,lan nglantarake marang ing ngarsane para wong luhur.
17. Kang guneman dhisik ing sajrone para padu, kaya-kaya iku kang bener,nanging bareng ana wong liya kang teka, prakarane banjur dititipriksa.
18. Tibane undhi mungkasi pepadon,sarta ngrampungake prakara ing antarane wong-wong kang nduweni pangwasa.