Wulang Bebasan 17:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Wong kang nindakake piala nggatekake lambe duraka,lan wong cidra nilingake kupinge marang ilat kang gawe cilaka.

5. Sing sapa nyampahi marang wong miskin iku ngala-ala marang Kang Nitahake,sarta kang bungah marga ana kacilakan iku mesthi bakal nampani paukuman.

6. Makuthaning para wong tuwa iku anak-putune,lan kang minangka kaurmatane anak-anak iku para leluhure.

7. Wong gemblung iku ora pantes nglairake tembung-tembung kang apik,mendahane maneh wong luhur ngucapake tembung cidra.

8. Atur-atur iku tumrape kang ngaturi kaya sesotya adi,menyanga ngendi bae parane, tansah oleh kauntungan.

9. Wong kang nasabi kaluputan iku ngupaya sih,nanging sing sapa ngudhal-udhal prakara iku misahake pamitran.

Wulang Bebasan 17