Wulang Bebasan 15:18-24 Kitab Sutji (JAV)

18. Wong brangasan marakake grejegan,nanging wong sabar ngendhakake para padu.

19. Dalane wong kesed iku kayadene pager eri,nanging dalane wong jujur iku rata.

20. Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne,nanging wong kang gemblung ngremehake biyunge.

21. Kabodhoan iku dadi kasenengane wong kang tanpa budi,nanging wong pinter mlaku ana ing dalan kang bener.

22. Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan,nanging bakal kaleksanan manawa dikantheni juru pirembug akeh.

23. Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair,lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog.

24. Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur,supaya bisa ngedohi jagading wong mati kang ana ing ngisor.

Wulang Bebasan 15