12. Wong ambek memoyok emoh diwelehake,iya ora gelem marani wong wicaksana.
13. Ati seneng mbingarake polatan,nanging ati kang sedhih ngendhokake semangat.
14. Atine wong piter ngupaya kawruh,nanging cangkeme wong gemblung ribut karo kabodhoane.
15. Wong kang nandhang kasusahan iku dinane ala kabeh,nanging atine wong seneng iku prasasat pista ajegan.
16. Luwih becik barang sathithik kang dikantheni wedi-asih marang Pangeran Yehuwah,tinimbang karo kasugihan akeh kang dikantheni sumelang.
17. Luwih becik jangan sapiring kanthi katresnan,tinimbang karo sapi lemu kang klawan sesengitan.
18. Wong brangasan marakake grejegan,nanging wong sabar ngendhakake para padu.
19. Dalane wong kesed iku kayadene pager eri,nanging dalane wong jujur iku rata.