Wulang Bebasan 14:3-11 Kitab Sutji (JAV)

3. Ing sajroning cangkeme wong bodho ana penjalin kanggo ing gegere,nanging wong wicaksana iku kareksa dening lambene.

4. Manawa ora ana sapi, uga ora ana gandum,nanging kalawan karosane sapi pametune akeh.

5. Seksi kang setya iku ora goroh,nanging kang ngucapake cidra iku seksi goroh.

6. Wong ambek memoyok golek kawicaksanan ora oleh,nanging wong kang limpad ing budi, gampang oleh kawruh.

7. Ngedohana wong gemblung,marga lambene ora bakal nglairake kawasisan.

8. Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe,nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone.

9. Wong bodho moyoki marang kurban panebuse,nanging wong jujur padha wales-winales ing kabecikan.

10. Ati iku ngrasakake kasusahane dhewe,dene wong liya ora bisa melu ngrasakake kabungahane.

11. Omahe wong duraka bakal sirna,nanging tarube wong jujur bakal mekar.

Wulang Bebasan 14