Wulang Bebasan 14:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong wadon kang wicaksana iku mbangun omahe,nanging kang bodho ngrubuhake omahe klawan tangane dhewe.

2. Sing sapa lumaku klawan jujur iku wedi-asih marang Pangeran Yehuwah,nanging kang lakune kesasar iku ngremehake Panjenengane.

3. Ing sajroning cangkeme wong bodho ana penjalin kanggo ing gegere,nanging wong wicaksana iku kareksa dening lambene.

4. Manawa ora ana sapi, uga ora ana gandum,nanging kalawan karosane sapi pametune akeh.

Wulang Bebasan 14