Wulang Bebasan 13:21-25 Kitab Sutji (JAV)

21. Wong dosa diburu ing bilai,nanging wong bener iku diwales kabegjan dening Panjenengane.

22. Wong becik ninggali warisan marang anak-putune,nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener.

23. Tegale wong miskin metokake pangan akeh,nanging ana kang ilang marga ora ana kaadilan.

24. Sapa kang ora migunakake gitik, iku sengit marang anake,mangka kang asih marang anake iku aweh pamerdi ing kalamangsane.

25. Wong bener mangan nganti wareg,nanging wetenge wong duraka ngrasakake kekurangan.

Wulang Bebasan 13