1. Anak kang wicaksana ngrungokake marang pamerdine bapaknenanging wong ambek memoyok ora ngrewes marang pameleh.
2. Wong iku mesthi mangan kang becik saka tembunge,nanging karepe wong cidra iku awujud tindak panganiaya.
3. Wong kang njaga cangkeme, iku ngreksa nyawane,sapa kang crawak, iku bakal katempuh ing karusakan.
4. Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna,balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.
5. Wong kang bener iku sengit marang goroh,nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.