Wulang Bebasan 12:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. Tembunge wong duraka iku ngajap getih,nanging tembunge wong temen iku mitulungi.

7. Para wong duraka padha ditibakake nganti sirna,nanging omahe wong bener iku lestari ngadeg.

8. Saben wong iku enggone kaalembana manut bebudene,nanging wong cidra iku karemehake.

9. Luwih becik dadi wong cilik, nanging nyambut gawe kanggo awake dhewe,katimbang karo wong kang kumaluhur-luhur, nanging kekurangan pangan.

10. Wong bener mikir marang kabutuhane kewane,nanging piwelase wong duraka iku daksiya.

11. Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki,nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi.

12. Wong duraka kepengin nduweni jalane wong ala,nanging oyode wong mursid nekakake pangasilan.

13. Wong ala kejiret dening paneraking lambene,nanging wong bener bisa oncat saka ing karubedan.

14. Saben wong kawaregan kabecikan marga saka wohing tembunge,lan wong tampa wewales saka panggawene tangane.

15. Wong bodho ngarani lakune dhewe wus becik,nanging sapa kang nampani pituduh iku wicaksana.

Wulang Bebasan 12