5. Rancangane wong bener iku adil,nanging pangrantame wong duraka iku cidra.
6. Tembunge wong duraka iku ngajap getih,nanging tembunge wong temen iku mitulungi.
7. Para wong duraka padha ditibakake nganti sirna,nanging omahe wong bener iku lestari ngadeg.
8. Saben wong iku enggone kaalembana manut bebudene,nanging wong cidra iku karemehake.
9. Luwih becik dadi wong cilik, nanging nyambut gawe kanggo awake dhewe,katimbang karo wong kang kumaluhur-luhur, nanging kekurangan pangan.
10. Wong bener mikir marang kabutuhane kewane,nanging piwelase wong duraka iku daksiya.
11. Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki,nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi.
12. Wong duraka kepengin nduweni jalane wong ala,nanging oyode wong mursid nekakake pangasilan.
13. Wong ala kejiret dening paneraking lambene,nanging wong bener bisa oncat saka ing karubedan.
14. Saben wong kawaregan kabecikan marga saka wohing tembunge,lan wong tampa wewales saka panggawene tangane.
15. Wong bodho ngarani lakune dhewe wus becik,nanging sapa kang nampani pituduh iku wicaksana.
16. Wong kang mratelakake laraning atine sanalika iku uga, iku bodho,nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana.
17. Wong kang nglairake kabeneran iku mratelakake apa kang adil,nanging seksi goroh nglairake kaculikan.
18. Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang,nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.
19. Lambe kang nglairake katemenan iku tetep ing salawase,nanging ilat cidra mung kanggo sakedhap netra.
20. Wong kang ngrancang piala iku atine ngandhut kaculikan,nanging wong kang mituturi bab karaharjan iku nemu kabungahan.
21. Wong bener ora bakal ketaman bilai apa bae,nanging wong duraka iku tansah sangsara.