Wulang Bebasan 12:19-22 Kitab Sutji (JAV)

19. Lambe kang nglairake katemenan iku tetep ing salawase,nanging ilat cidra mung kanggo sakedhap netra.

20. Wong kang ngrancang piala iku atine ngandhut kaculikan,nanging wong kang mituturi bab karaharjan iku nemu kabungahan.

21. Wong bener ora bakal ketaman bilai apa bae,nanging wong duraka iku tansah sangsara.

22. Lambe kang cidra iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah,nanging wong kang setya-tuhu iku ndadekake keparenge.

Wulang Bebasan 12