Wulang Bebasan 12:18-20 Kitab Sutji (JAV)

18. Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang,nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.

19. Lambe kang nglairake katemenan iku tetep ing salawase,nanging ilat cidra mung kanggo sakedhap netra.

20. Wong kang ngrancang piala iku atine ngandhut kaculikan,nanging wong kang mituturi bab karaharjan iku nemu kabungahan.

Wulang Bebasan 12