1. Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh,nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho.
2. Wong becik ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah,nanging tukang ngapusi iku mesthi diukum.
3. Manungsa ora bisa dadi santosa srana durakane,nanging oyode wong bener ora owah gingsir.
4. Wong wadon kang pinter iku minangka makuthane kang lanang,nanging kang gawe wirang iku prasasat lelara kang ngroposake balunge.
5. Rancangane wong bener iku adil,nanging pangrantame wong duraka iku cidra.
6. Tembunge wong duraka iku ngajap getih,nanging tembunge wong temen iku mitulungi.
7. Para wong duraka padha ditibakake nganti sirna,nanging omahe wong bener iku lestari ngadeg.
8. Saben wong iku enggone kaalembana manut bebudene,nanging wong cidra iku karemehake.
9. Luwih becik dadi wong cilik, nanging nyambut gawe kanggo awake dhewe,katimbang karo wong kang kumaluhur-luhur, nanging kekurangan pangan.