Wulang Bebasan 11:14-17 Kitab Sutji (JAV)

14. Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk,nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman.

15. Sing sapa nanggung wong liya kang durung diwanuhi, iku bakal sangsara banget,nanging wong kang sengit marang tanggung jawab, iku slamet.

16. Wong wadon kang becik atine bakal kajen,dene wong kang nindhes iku oleh kasugihan.

17. Wong kang ambek darma mbeciki awake dhewe,nanging kang ambek siya iku niksa awake dhewe.

Wulang Bebasan 11