Wulang Bebasan 10:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman,Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne,nanging anak kang goblog iku gawe prihatine biyunge.

2. Raja-brana, oleh-olehane tindak duraka iku ora maedahi,nanging kabeneran iku nguwalake wong saka ing pati.

3. Sang Yehuwah ora negakake wong bener nandhang keluwen,nanging pepenginane wong duraka ditampik.

4. Tangan kang kendho marakake mlarat,nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.

Wulang Bebasan 10