8. He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu,lan aja ninggal piwulange ibumu;
9. marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu,sarta kalung kanggo gulumu.
10. He anakku, manawa kowe dibujuk dening wong dosa,kowe aja nurut;
11. manawa iku padha duwe pangucap:“Marang melua aku, padha ndingkik getih,nginjen marang wong tanpa kaluputan, tanpa sabab;
12. payo iku padha diuntal urip-uripan, kaya jagade wong mati,diuntal babar pisan kaya kang mudhun marang ing kubur;
13. temah kita padha oleh barang rupa-rupa kang akeh ajine,padha bisa ngebaki omah kita kalawan barang rampasan,
14. undhimu buwangen ana ing tengahku,kanthong siji kanggo kita kabeh.”
15. He anakku, uripmu aja niru tindak-tanduke wong-wong mau,sikilmu edohna saka ing dalane;