Wulang Bebasan 1:6-18 Kitab Sutji (JAV)

6. kanggo nyumurupi isine wulang bebasan lan pralambang,apadene tetembungan lan sanepane para wicaksana.

7. Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh,nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi.

8. He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu,lan aja ninggal piwulange ibumu;

9. marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu,sarta kalung kanggo gulumu.

10. He anakku, manawa kowe dibujuk dening wong dosa,kowe aja nurut;

11. manawa iku padha duwe pangucap:“Marang melua aku, padha ndingkik getih,nginjen marang wong tanpa kaluputan, tanpa sabab;

12. payo iku padha diuntal urip-uripan, kaya jagade wong mati,diuntal babar pisan kaya kang mudhun marang ing kubur;

13. temah kita padha oleh barang rupa-rupa kang akeh ajine,padha bisa ngebaki omah kita kalawan barang rampasan,

14. undhimu buwangen ana ing tengahku,kanthong siji kanggo kita kabeh.”

15. He anakku, uripmu aja niru tindak-tanduke wong-wong mau,sikilmu edohna saka ing dalane;

16. awit sikile wong iku parane marang ing piala,sarta cukat manawa arep ngwutahake getih.

17. Marga tanpa guna masang jaringana ing ngarepe sadhengah kang duwe suwiwi;

18. mangka wong iku mau padha ngadhang marang getihe dhewelan ndingkik marang nyawane dhewe.

Wulang Bebasan 1