Wilangan 8:17-19 Kitab Sutji (JAV)

17. Awit sadhengah pambarepe wong Israel iku kagunganingSun, dadia manungsa utawa kewan. AnggoningSun nyengker iku kabeh dadi kagunganingSun iku nalikane Ingsun mateni sakehe para pambarep ana ing tanah Mesir.

18. Jalaran saka iku wong Lewi padha Sunpundhut dadi lirune sakehe pambarep kang ana ing satengahe wong Israel,

19. lan wong Lewi mau padha Sunpasrahake saka ing satengahe wong Israel minangka peparing marang Harun lan para anake, supaya padha nindakna sakehe ayahane wong Israel ana ing Tarub Pasewakan, lan padha nganakna karukunan kanggo wong Israel, supaya wong Israel aja nganti kena wewelak samangsa padha nyedhaki marang pasucen.”

Wilangan 8