Wilangan 8:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira kandhaa marang Harun lan tutura: Samangsa sira masang damar-damar iku, damare pitu pisan bisaa madhangi ing ngarepe padamaran.”

3. Rama Harun iya banjur tumindak mangkono. Damare padha dipasang madhep marang ing ngarepe padamaran, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa mau.

4. Anadene panggawene padamaran iku mangkene: kang digawe emas gemblengan; padamaran iku gemblengan, dadia sikile utawa rerekane kembang; miturut conto kang wus ketedahake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono panggawene padamaran mau.

5. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

6. “Wong Lewi iku padha sira ajokna saka ing tengahe wong Israel sarta padha sira sucekna.

7. Dene anggonira nucekake iku patrape mangkene: Padha sira kepyurana banyu pambirating dosa; banjur cukura badan sakojur lan padha ngumbaha sandhangane, tumuli padha dadi suci.

8. Sawuse mangkono tumuli padha njupuka sapi lanang nom siji, karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan, diwori lenga, lan sira njupuka sapi lanang nom siji engkas kanggo kurban pangruwating dosa.

9. Wong Lewi banjur sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan; sarta sira dhawuha marang sapasamuwane wong Israel kabeh supaya padha nglumpuk.

10. Wong Lewi iku nuli padha sira ajokna menyang ing ngarsane Yehuwah, lan wong Israel padha numpangna tangane marang wong Lewi iku;

Wilangan 8