Wilangan 7:6-23 Kitab Sutji (JAV)

6. Nabi Musa banjur nampeni kreta-kreta lan sapi-sapi mau, sarta tumuli diparingake marang para wong Lewi;

7. kreta loro lan sapi papat diparingake marang bani Gerson, miturut kapreluaning pagaweane,

8. kreta kang papat lan sapine wolu diparingake marang bani Merari, miturut karo kapreluaning pagaweane kang dipimpin dening Itamar, putrane Imam Harun.

9. Nanging para bani Kehat ora diparingi, sabab iku padha kabubuhan rumeksa barang-barang kang suci, kang pangusunge kudu dipikul.

10. Ing nalika misbyah kajebadan, para pemimpin mau padha ngladekake pisungsung kang kanggo ngresmekake misbyah; anggone ngajokake pisungsung iku ana ing ngarepe misbyah mau.

11. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Saben dina anaa pemimpin siji kang ngladekake pisungsunge kanggo memulya misbyah iku.”

12. Kang ngladekake pisungsunge ing dina kapisan iku Nahason bin Aminadab, saka taler Yehuda.

13. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

14. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa,

15. apadene sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas siji kang umur setaun, padha kanggo kurban obaran,

16. wedhus berok lanang siji, kanggo kurban pangruwating dosa;

17. lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau pisungsunge Nahason bin Aminadab.

18. Ing dina kang kapindho kang ngladekake: Netaneel bin Zuar, pemimpine taler Isakhar.

19. Pisungsunge kang diladekake arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

20. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

21. apadene sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun, padha kanggo kurban obaran;

22. wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

23. lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Netaneel bin Zuar.

Wilangan 7