30. Ing dina kang kaping papat: pemimpine bani Ruben, yaiku Elizur bin Syedeur.
31. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;
32. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;
33. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;
34. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;
35. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elizur bin Syedeur.