Wilangan 7:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Pisungsunge kang diladekake arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

20. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

21. apadene sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun, padha kanggo kurban obaran;

22. wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

23. lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Netaneel bin Zuar.

24. Ing dina kang katelu: pemimpine bani Zebulon, yaiku: Eliab bin Helon.

25. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

26. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

27. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

28. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

29. lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Eliab bin Helon.

30. Ing dina kang kaping papat: pemimpine bani Ruben, yaiku Elizur bin Syedeur.

Wilangan 7