Salawase nindakake punagine anggone dadi nazir, sirahe aja nganti kagepok ing lading panyukuran; nganti tumeka saganeping dinane anggone nyengker awake sumaos marang Pangeran Yehuwah, tansah dadia sengkeran lan rambute diingua.