15. ing kono wong lanang mau tumuli ngladekna somahe marang ngarepe imam. Lan wong iku kudu nggawa kurban marga saka kang wadon iku, arupa glepung sair saprasepuluh efa, aja nganggo diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awitdene iku kurban dhaharan kasujanan, iya kurban pangeling-eling marang kaluputan.
16. Imam tumuli ngakona wong wadon iku maju, disebakna ing ngarsane Sang Yehuwah.
17. Imam tumuli nggawaa banyu suci diwadhahi genthong lemah, sarta njupuka lebu kang ana ing jrambahe Tarub Suci, dicemplungna ing banyu mau.
18. Sawuse wong wadon iku disebakake ing ngarsane Pangeran Yehuwah, rambute banjur diudharana, epek-epeke ditumpangana kurban pangeling-eling, yaiku kurban dhaharan kasujanan, dene tangane imam didokokana banyu pait kang malati.
19. Wong wadon mau disumpaha dening imam kalawan ngucapna: Manawa nyata kowe ora ditunggal turu dening wong lanang liya, lan ora laku ngiwa, -- awit kowe iku kawengku dening bojomu, -- kowe kalisa ing banyu pait kang malati iki;
20. balik manawa kowe nyata laku sedheng, temah ndadekake jembermu, marga ditunggal turu dening wong lanang liya; -- mangka kowe iku kawengku ing bojomu --
21. ing kono imam nyumpaha wong wadon mau klawan sumpah ipat-ipat, sarta ngucapa marang wong wadon mau, mangkene: Kowe didadekna tadhahing-sumpah ipat-ipat dening Pangeran Yehuwah ana ing tengahe bangsamu, pupumu bakal dadi cilik sarta wetengmu dadi busung,
22. marga banyu kang malati iki bakal manjing ing awakmu, ndadekake busunge wetengmu lan cilike pupumu. Wong wadon mau banjur ngucapa: Amin, amin.
23. Imam banjur nulisa ipat-ipat iku mau ana ing dluwang lan banjur ngilangana tulisan iku klawan banyu pait iku,
24. banyu pait kang nekakake walat iku banjur diombekna marang wong wadon mau, sarta banyu iku bakal lumebu ing awake lan njalari wong mau banjur lara banget.
25. Imam banjur njupuka kurbane dhaharan kasujanan saka ing tangane wong wadon mau, sarta kagoyanga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan kagawaa menyang ing misbyah.
26. Kurban dhaharan mau dijupuka sagegem dening imam minangka pisungsung pangeling-eling lan diobonga ana ing misbyah, sawuse mangkono banyune tumuli kaombekna marang wong wadon iku.
27. Sawuse mangkono, manawa wong wadon iku nyata jember lan ora setya marang bojone, mesthi banjur kelakon banyu kang malati mau bakal manjing ing awake, sarta njalari lara banget, temah wetenge dadi busung lan pupune dadi cilik. Sabanjure wong wadon iku bakal nandhang ipat-ipat ana ing satengahing bangsane.
28. Balik manawa wong wadon iku ora gawe kuceming awake, nanging resik, mesthi bakal kalis lan bakal duwe anak.”
29. Kaya mangkono angger-angger tumrap kasujanan, manawa ana wong wadon kang laku sedheng lan gawe jembering awake, mangka kawengku ing bojone,
30. utawa manawa wong lanang kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa somahe laku sedheng, kang wadon nuli kasebakna marang ngarsane Pangeran Yehuwah sarta imam nindakna pranatan iku kabeh marang wong wadon mau.
31. Kang lanang bakal ora kaluputan, nanging kang wadon kang nanggung wohing kaluputane. edit 1: fajar 8.3.01