26. geber-gebering plataran karo wrananing gapura plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci apadene misbyah, tali-taline lan sarupane piranti kang kanggo ing gawe; wong-wong iku padha nindakna sakehing bubuhan kang magepokan karo iku mau kabeh.
27. Bubuhane para bani Gerson, anggone ngusungi barang-barang lan anggone ngladeni, kabeh iku katindakna miturut kang dadi prentahe Harun lan para anake; padha sira tuduhana apa kang dadi tanggung-jawabe tumrap sadhengah kang diusung iku.
28. Iku mau kang dadi bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan, sarta anggone padha nyambutgawe iku kapimpina dening Itamar anake Imam Harun.