5. Saka ing Azmon, watese nuli menggok menyang ing kali Mesir, lan terus nganti tekan ing sagara.
6. Mungguh tapel-watese tanahira kang sisih kulon sagara gedhe dalah pasisire, yaiku kang dadi tapel-watesira kang sisih kulon.
7. Dene tapel-watesira kang sisih lor iku: wiwit saka ing sagara gedhe mau watese kaenerna tekan ing gunung Hor,
8. saka ing gunung Hor kaenerna tekan ing Hamat, lan terus nganti tekan ing Zedad.
9. Tapel-wates mau banjur terus tekan ing Zifron, nganti notog ing Hazar-Enan; iku tapel-watesira kang sisih lor.
10. Anadene tapel-watese kang sisih wetan iku kaenerna saka Hazar-Enan mau tekan ing Sefam.
11. Saka ing Sefam iku nuli mudhun menyang Ribla ing sawetane Ain; watese banjur terus mudhun maneh nganti tekan ing pinggiring Tlaga Kineret ing sisih wetan.