14. Marga golongane talere Ruben lan golonganing talere bani Gad wus padha tampa tanah pusaka, mangkono uga saparoning talere Manasye iya wus padha tampa panduman.
15. Loro satengah taler iku wus padha tampa tanah pusaka ana ing sabrangane bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho sapangetan.”
16. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:
17. “Iki jenenge wong kang kudu padha ngedum tanah mau marang sira minangka tanah pusaka, yaiku Imam Eleazar lan Yusak bin Nun.
18. Karomaneh saka saben taler mataha pemimpin siji kang ngrewangi ngedum tanah iku dadi tanah pusaka.
19. Iki jenenge wong-wong mau: saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;
20. saka talere bani Simeon: Samuel bin Amihud;
21. saka taler Benyamin: Elidad bin Kislon;
22. saka talere bani Dhan sawijining pemimpin: Buki bin Yogli;
23. saka turune Yusuf, kang saka talere bani Manasye sawijining pemimpin: Haniel bin Efod;
24. lan saka talere bani Efraim sawijining pemimpin: Kemuel bin Siftan;