Wilangan 31:37-51 Kitab Sutji (JAV)

37. Dadi pisungsung kang sumaos marang Sang Yehuwah ana wedhus nem atus pitung puluh lima.

38. Sapine ana telung puluh nem ewu, dadi pisungsunge kang sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung puluh loro.

39. Kuldine ana telung puluh ewu limang atus, dadi pisungsung kang sumaos marang Sang Yehuwah sawidak siji,

40. lan wonge kabeh nembelas ewu, dadi pisungsunge kang sumaos marang Pangeran Yehuwah telung puluh loro.

41. Pisungsung kang mligi kagem Sang Yehuwah iku banjur diparingake dening Nabi Musa marang Imam Eleazar, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.

42. Anadene separone kang dadi pandumane wong Israel, kang wus dipisah dening Nabi Musa saka pandumane wong kang padha nglurug perang,

43. yaiku kang separo kang dadi pandumane umat iku: wedhus telung atus telung puluh pitu ewu pitung atus,

44. sapi telung puluh nem ewu,

45. kuldi telung puluh ewu limang atus,

46. lan uwong nembelas ewu.

47. Kang separo kang dadi pandumane wong Israel iku saben sekete dipundhut siji dening Nabi Musa, iya kang arupa manungsa lan kang arupa kewan: iku tumuli padha diparingake marang wong bani Lewi, kang padha rumeksa marang Tarub Suci, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.

48. Para panggedhening wadya-bala, yaiku para panewu lan para panatus, banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa,

49. sarta padha matur: “Ingkang abdi sampun sami nacahaken bala ing wewengkon kula, mangka tetela panunggilan kula boten wonten ingkang cecer satunggal-tunggala.

50. Mila kula sami mbekta pisungsung konjuk dhateng Pangeran Yehuwah, saben tiyang saangsalipun piyambak-piyambak, warni: barang mas-masan, kadosta: gelang kroncong, gelang tangan, sesupe cap, anting-anting saha rerenggan dhadha kangge ngawontenaken pirukun tumrap nyawa kula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.”

51. Nabi Musa lan Imam Eleazar tumuli nampeni barang mas-masan iku mau, kabeh arupa barang dandanan kang alus.

Wilangan 31