26. “Sira nacahna sarupaning bandhangan, kang rupa manungsa lan sato-kewan -- iya sira dalah Imam Eleazar lan para pemimpining umat iku;
27. nuli iku kaparoa, kanggo kang padha nglurug perang, lan kanggo wong saumat kabeh;
28. banjur sira njupuka pisungsung kagem Sang Yehuwah saka para prajurit kang padha nglurug perang, saben limang atuse siji, iya saka manungsa, iya saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus.
29. Iku kajupuka saka kang separo kang dadi pandumane, banjur sira tampakna marang Imam Eleazar minangka pisungsung-mligi kagem Pangeran Yehuwah.
30. Dene separone kang dadi pandumane wong Israel, iku kajupuka saben sekete siji, iya saka manungsa, saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus; dadi saka sarupane raja-kaya, sarta kabeh iku sira pasrahna marang para wong Lewi kang nglakoni ayahan ing Tarube Suci Sang Yehuwah.”
31. Nabi Musa lan Imam Eleazar tumuli padha nglakoni apa kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
32. Anadene bandhangane, yaiku kekarene jarahan kang wus dirayah dening para prajurit, iku gunggunge: wedhus nem atus pitung puluh lima ewu;
33. sapi pitung puluh loro ewu,
34. kuldi sawidak siji ewu.
35. Sabanjure wong-wong, yaiku para wong wadon kang durung tau awor turu karo wong lanang, cacahe kabeh telung puluh loro ewu.
36. Dene kang separo yaiku pandumane wong kang padha ngetoni perang mau cacahe ana wedhus telung atus telung puluh pitu ewu limang atus.
37. Dadi pisungsung kang sumaos marang Sang Yehuwah ana wedhus nem atus pitung puluh lima.
38. Sapine ana telung puluh nem ewu, dadi pisungsunge kang sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung puluh loro.