12. Sakehe wong bandhangan, barang rampasan lan barang jarahan iku kabeh padha diaturake marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar tuwin marang umat Israel ana ing pakemahan ing tanah ngare Moab, kang kaprenah ana ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.
13. Nabi Musa lan Imam Eleazar sarta sakehe para pemimpine umat banjur padha tindak mapag nganti tekan ing sajabane palereban.
14. Nabi Musa tumuli duka banget marang para panggedhening wadyabala, para panewu lan panatus kang padha mulih saka ing paprangan;
15. pangandikane Nabi Musa marang wong-wong iku: “Apa wonge wadon padha kokuripi kabeh?
16. Lah, rak iya para wong wadon iku ta, kang marga saka pirembuge Bileam, padha njalari wong Israel nganti padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah krana saka Peor, temah umate Sang Yehuwah banjur ketiban wewelak.
17. Kang iku sakehe anake lanang wong-wong iku padha patenana, lan sakehe wong wadon kang wus tau awor turu karo wong lanang iya padha patenana;
18. mung sakehe bocah wadon kang durung tau awor turu karo wong lanang iku padha uripana kanggo kowe.
19. Nanging kowe iku padha manggona ana ing sajabane pakemahan lawase pitung dina; sapa kang wus mateni wong lan sapa kang nggepok jisime kang mentas dipateni, iku mbirata najise ing dinane kang katelu, lan ing pitung dinane, kowe dhewe lan para wong bandhanganmu.
20. Karomaneh sarupane sandhangan lan sarupane dandanan lulang sarta sabarang gegawean saka wulu wedhus, apadene sakehe piranti kayu iku kudu kabirat najise.”
21. Imam Eleazar banjur ngandika marang bala kang mentas padha nglurug perang mau: “Iki pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa:
22. Mung barang-barang mas, salaka, tembaga, wesi, timah putih lan timbel,
23. samubarang kang tahan geni, iku kaobonga, supaya birat najise. Ewadene iya isih prelu kabirat najise sarana banyu pambirating najis; nanging samubarang kang ora bisa tahan ing geni iku celupna ing banyu.