31. Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.
32. Anadene Rama Eleazar putrane Imam Harun iku kang dadi pucuk pimpinane wong bani Lewi, kang manggedheni marang kang padha rumeksa barang-barang ing pasucen.
33. Kang kalebu kula-wangsane Rama Merari yaiku bani Makhli lan bani Musi; yaiku gotrah-gotrahe Rama Merari.
34. Sagolongane kang lanang kang umure sasasi sapandhuwur nalika dicatheti cacahe ana nem ewu rong atus.
35. Kang dadi pemimpine kula-wangsane lan gotrahe bani Merari iku: Zuriel bin Abihail. Pakuwone ana ing salore Tarub Suci.
36. Bubuhane para bani Merari iku: ngopeni blabage Tarub Suci, kendhite, sakane dalah ompake sarta sakehe pirantine, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh;
37. uga cagake plataran mubeng dalah ompake, pathoke lan tali-taline.
38. Kang lereb ana ing ngarepe Tarub Suci ing sisih wetan, ing sangarepe Tarub Pasewakan, Nabi Musa lan Rama Harun saputra-putrane, kang padha nglakoni bubuhan rumeksa pasucen kanggo wong Israel; mangka wong liya kang nyedhak iku mesthi kaukum pati.
39. Sakehe wong bani Lewi kang kacacahake dening Nabi Musa miturut dhawuhe Sang Yehuwah, manut gotrahe, kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur iku ana rolikur ewu.
40. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira nacahna sakehe anak lanang pambarep Israel kang umure sasasi sapandhuwur, padha kaetunga gunggunge,
41. Ingsun pilihna wong-wong Lewi -- Ingsun iki Yehuwah -- dadia gantine sakehe anake pambarepe wong Israel, lan raja-kayane wong Lewi dadia lirune sakehe pambarep ing antarane raja-kayane wong Israel.”