Wilangan 3:23-32 Kitab Sutji (JAV)

23. Gotrahe bani Gerson iku anggone padha manggon ana ing saburine Tarub Suci ing iring kulon.

24. Kang dadi pemimpine kulawangsane bani Gerson iku: Elyasaf bin Lael.

25. Bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan yaiku: ngrumat Tarub Suci, Tarub lan payone, wrananing lawange Tarub Pasewakan,

26. geber ing plataran lan wrananing plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, tali-taline, lan liya-liyane kang magepokan karo sakabehe mau.

27. Kang kalebu kula-wangsane Rama Kehat yaiku bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel; yaiku gotrahe bani Kehat.

28. Sagolongane kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur nalika kacathetan cacahe ana wolung ewu nem atus, iku padha rumeksa barang-barang ing pasucen.

29. Gotrahe bani Kehat iku anggone lereb ana ing sakidule Tarub Suci.

30. Kang dadi pemimpine kula-wangsane lan gotrahe bani Kehat iku: Elisafan bin Uziel.

31. Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.

32. Anadene Rama Eleazar putrane Imam Harun iku kang dadi pucuk pimpinane wong bani Lewi, kang manggedheni marang kang padha rumeksa barang-barang ing pasucen.

Wilangan 3