Wilangan 3:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. Asmane para putrane Rama Harun, kang pambajeng Nadab, banjur Abihu, Eleazar lan Itamar.

3. Iku mau asmane para putrane Rama Harun, imam-imam kang padha kajebadan, lan wus katetepake supaya nindakake kaimaman.

4. Nanging Nadab lan Abihu wus ngajal ana ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing pasamunan ing Sinai, nalika padha nyaosake geni kang ora samesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha ora duwe turun. Mulane Eleazar lan Itamar kang nindakake kaimaman nalika Rama Harun, kang rama, isih sugeng.

5. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

6. “Taler Lewi padha dhawuhana maju lan ngadhep marang Imam Harun, supaya padha ngladenana.

7. Iku padha netepana kuwajibane kang tumrap marang Harun lan kanggo para umat Israel kabeh ana ing ngarepe Tarub Pasewakan, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.

8. Iku padha rumeksaa marang sakehe pirantine Tarub Pasewakan, sarta padha netepana kuwajibane kang tumrap marang wong Israel, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.

9. Wong-wong Lewi iku padha kapasrahna marang Harun lan para anake; saka ing antarane wong Israel wong-wong mau padha kapasrahna babar pisan marang Harun.

10. Dene mungguh Harun lan anak-anake iku sira pataha ngimami, dene wong liya kang nyedhak kaukuma pati.”

11. Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

12. “Lah Ingsun kang mundhut wong Lewi saka ing satengahe wong Israel, kagawe gantine sakehe anake pambarep, kang lair saka ing guwagarba; wong Lewi iku padha dadia kagunganingSun,

13. awitdene sadhengah anak pambarep iku kagunganingSun. Nalika Ingsun mateni sakehe anak pambarep ing tanah Mesir, nuli sakehe anak pambarep ing Israel padha Sunsengker dadi kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.”

Wilangan 3