Wilangan 3:16-26 Kitab Sutji (JAV)

16. Nabi Musa banjur nacahake bani Lewi miturut pangandikane Sang Yehuwah, kaya anggone wus kadhawuhan mau.

17. Iki asmane para putrane Rama Lewi: Gerson, Kehat lan Merari.

18. Iki asmane putrane Rama Gerson miturut gotrahe: Libni lan Simei.

19. Para putrane Rama Kehat miturut gotrahe, yaiku: Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.

20. Iki putrane Rama Merari miturut gotrahe: Makhli lan Musi.Yaiku gotrah-gotrahe para bani Lewi miturut kula-wangsane.

21. Rama Gerson nurunake bani Libni lan bani Simei; yaiku gotrahe bani Gerson.

22. Cacahe kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur iku, kaetung ana pitung ewu limang atus.

23. Gotrahe bani Gerson iku anggone padha manggon ana ing saburine Tarub Suci ing iring kulon.

24. Kang dadi pemimpine kulawangsane bani Gerson iku: Elyasaf bin Lael.

25. Bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan yaiku: ngrumat Tarub Suci, Tarub lan payone, wrananing lawange Tarub Pasewakan,

26. geber ing plataran lan wrananing plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, tali-taline, lan liya-liyane kang magepokan karo sakabehe mau.

Wilangan 3