Wilangan 29:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Ing wektu iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka kurban genenan, kang gandane gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah arupa: sapi lanang nom telulas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang umur sataun patbelas, kabeh mau kudu kang tanpa cacad;

14. uga kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan kaolaha kalawan lenga; kanggo sapi lanang telulas mau saben sapi siji telung prasapuluh efa, lan kanggo wedhuse lanang loro iku saben wedhus siji rong prasapuluh efa;

15. sarta maneh kanggo wedhuse kang patbelas iku, saben wedhus siji saprasepuluh efa.

16. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa; kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

17. Ing dina kang kapindho: sapi lanang nom rolas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel umur sataun tanpa cacad patbelas;

18. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku cacahe miturut pranatane.

Wilangan 29