Wilangan 28:20-31 Kitab Sutji (JAV)

20. Minangka kurbane dhaharan glepung gandum pilihan kaolah kalawan lenga, telung prasapuluh efa kanggo sapi siji, lan kanggo wedhus lanang siji rong prasapuluh efa;

21. sarta wedhus kang pitu iku siji-sijine kacawisana saprasapuluh efa.

22. Sabanjure wedhus berok siji minangka kurban pangruwating dosa, kanggo nganakake pirukun tumrap sira.

23. Kajaba kurban obaran esuk, kang klebu kurban obaran ajegan, kabeh iku kudu sira saosake.

24. Kaya mangkono anggonira saben dina padha nyaosake kurban dhaharan awujud kurban genenan kang gandane gawe renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, nganti pitung dina lawase; iku kajaba kurban obaran ajegan lan kurban unjukan.

25. Ing dina kang kapitune sira nganakna pasamuwan suci lan aja nindakake pagawean kang abot.

26. Ing dina wiwitaning panen, samangsa sira padha ngladekake kurban dhaharan anyar marang Pangeran Yehuwah, ing riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake pagawean kang abot.

27. Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah: sapi lanang nom loro, wedhus gibas lanang siji lan wedhus kang umur sataun pitu.

28. Karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan, kaolah kalawan lenga; saben sapi siji kakanthenana telung prasapuluh efa, kanggo wedhuse kang lanang rong prasapuluh efa,

29. lan kanggo wedhus kang pitu iku, saben wedhus siji saprasapuluh efa.

30. Karomaneh wedhus berok siji kagawe nganakake pirukun tumrap sira.

31. Kurban obaran ajegan, sarta kurban dhaharan apadene kurban-kurban unjukan, iku kudu sira saosake kabeh. Sira padha miliha kewan kang tanpa cacad. edit 1: fajar '01

Wilangan 28