1. Nalika samana para anake wadon Zelafehad bin Hefer bin Gilead bin Makhir bin Manasye, kalebu turune Manasye putrane Rama Yusuf -- para anake wadon iku jenenge: Makhla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza, --
2. padha seba marang ngarsane Nabi Musa lan Imam Eleazar, sarta ing ngarepe para panggedhe lan sapepake pasamuwan ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, sarta matur:
3. “Bapak kula sampun sami pejah wonten ing pasamunan, sanadyan boten tumut grombolanipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng Pangeran Yehuwah; inggih boten tumut grombolanipun Korakh; nanging anggenipun pejah margi saking dosanipun piyambak, mangka boten nilar anak jaler.
4. Kenging punapa dene bapa kula kedah sirna saking golonganipun, margi boten tilar anak jaler? Kula mugi sami kaparingana siti wonten ing antawisipun sadherekipun bapa kula.”
5. Nabi Musa banjur nglajengake prakara iku marang ngarsane Sang Yehuwah.
6. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:
7. “Ature anak-anake Zelafehad iku bener; pancen sira wajib mandumi tanah ana ing antaraning para sadulure bapakne; warisan tinggalane bapakne iku kaeliha dadi duweke anake.
8. Karodene wong Israel iku padha sira dhawuhana mangkene: Manawa ana wong mati ora tinggal anak lanang, warisan tinggalane iku kawenehna marang anake wadon.
9. Lan saupama iya ora duwe anak wadon, warisan tinggalane padha kawenehna marang sadulure lanang.
10. Saupama iya ora duwe sadulur lanang, warisan tinggalane padha kawenehna marang sadulure lanang bapakne.
11. Lan saupama bapakne iya ora duwe sadulur lanang, warisan tinggalane iku kawenehna marang sanake kang kaprenah cedhak dhewe saka antaraning golongane, supaya dadia duweke.”Mangkono iku kang kudu dadi wewatoning bebeneran kanggo marang wong Israel, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.