48. Turune Rama Naftali miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Yahzeel iku bani Yahzeel; kang saka Rama Guni iku bani Guni;
49. kang saka Rama Yezer iku bani Yezer; kang saka Rama Syilem iku bani Syilem.
50. Iku mau golongane bani Naftali, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana patang puluh lima ewu patang atus.
51. Wong Israel kang padha kacacahake iku mau gunggunge kabeh ana: nem atus siji ewu pitung atus telung puluh.
52. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:
53. “Taler-taler iku padha kawenehana panduman tanah miturut jeneng-jeneng kang kacathetan, dadia pusakane.
54. Kang akeh cacahe kaparingana panduman tanah pusaka kang akeh, lan kang sathithik kaparingana panduman tanah pusaka sathithik; saben taler padha kapandumana dhewe-dhewe miturut jeneng-jeneng kang kacathetan.
55. Ewasamono pangedume tanah iku kudu srana kaundhi; anggone padha tampa panduman mituruta jenenging talere leluhure.
56. Panduman duweke siji-sijining taler mesthi undha-usuk kehsathithike lan mituruta ing satibane undhi.”
57. Anadene bani Lewi kang kacacahake miturut golongane iku mangkene: kang saka Rama Gerson iku bani Gerson; kang saka Rama Kehat iku bani Kehat; kang saka Rama Merari iku bani Merari.
58. Iki golongane turune Rama Lewi: golongane bani Kehat, golongane bani Libni, golongane bani Hebron, golongane bani Makhli, golongane bani Musi lan golongane bani Korakh. Anadene Rama Kehat peputra Amram.
59. Garwane Rama Amram iku Ibu Yokhebet, putrane Rama Lewi, kang miyos ana ing tanah Mesir. Ibu Yokhebet iku mbabar Imam Harun lan Nabi Musa apadene Ibu Miryam sadhereke estri, patutan karo Rama Amram.
60. Imam Harun peputra Imam Nadab, Abihu, Eleazar lan Imam Itamar.