Wilangan 26:1-20 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita sawuse anane wewelak iku mau, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar putrane Imam Harun:

2. “Sira padha nacahna wong Israel saumat kabeh kang umur rong puluh taun sapandhuwur, miturut talere, iya wong-wong kang sembada ing perang.”

3. Nabi Musa lan Imam Eleazar banjur ngandika marang wong Israel ana ing tanah ngare ing Moab, ing sapinggiring bengawan Yarden sacedhake Yerikho:

4. “Kabeh wong kang umur rong puluh taun sapandhuwur iku cacahna!” -- kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.Iki pratelane wong Israel kang padha metu saka ing tanah Mesir.

5. Rama Ruben iku pambajenge Rama Israel; dene mungguh turune Rama Ruben miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Henokh iku bani Henokh; saka Rama Palu iku bani Palu.

6. Rama Hezron iku bani Hezron lan kang saka Rama Karmi iku bani Karmi.

7. Iku mau golongane bani Ruben, dene wonge kang padha kacacahake ana patang puluh telu ewu pitung atus telung puluh.

8. Putrane Rama Palu iku Eliab;

9. anake Eliab iku Nemuel, Datan lan Abiram. Mungguh Datan lan Abiram wong kang pinilih dening umat iku kang padha mbalela marang Nabi Musa lan Imam Harun, kalawan sakuthon karo grombolane Korakh, nalika padha mbalela marang Sang Yehuwah.

10. Nanging bumi banjur ngangapake cangkeme lan nguntal marang wong-wong mau bebarengan karo Korakh, satemah grombolane padha mati, dalasan wong rong atus seket padha kamangsa ing geni minangka pangeling-eling,

11. nanging anake Korakh padha ora mati.

12. Turune Rama Simeon miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Nemuel iku bani Nemuel; kang saka Rama Yamin iku bani Yamin; kang saka bani Yakhin iku bani Yakhin;

13. kang saka Rama Zerakh iku bani Zerakh lan kang saka Rama Saul iku bani Saul.

14. Iku mau golongane bani Simeon, dene wonge kang padha kacacahake ana rolikur ewu rong atus.

15. Turune Rama Gad miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Zefon iku bani Zefon; kang saka Rama Khagi iku bani Khagi; kang sama Rama Syuni iku bani Syuni;

16. kang saka Rama Ozni iku bani Ozni; kang saka Rama Eri iku bani Eri;

17. kang saka Rama Arod iku bani Arod; kang saka Rama Areli iku bani Areli.

18. Iku mau golongane bani Gad, dene wonge kang padha kacacahake ana patang puluh ewu limang atus.

19. Para putrane Rama Yehuda yaiku Rama Er lan Rama Onan; Rama Er lan Onan wus padha seda ana ing tanah Kanaan.

20. Turune Rama Yehuda miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Syela iku bani Syela; kang saka Rama Peres iku bani Peres lan kang saka Rama Zerakh iku bani Zerakh;

Wilangan 26