Wilangan 23:3 Kitab Sutji (JAV)

Bileam tumuli matur marang Sang Prabu Balak: “Panjenengan dalem kawula aturi jumeneng wonten ing sacelakipun kurban obaran panjenengan dalem, dene kawula badhe kesah; bokmanawi kula badhe dipun panggihi dening Sang Yehuwah, lajeng dhawuh punapa ingkang kaparingaken, punika badhe kawula pratelakaken dhateng panjenengan dalem.” Sawuse mangkono Bileam banjur munggah ing gunung kang gundhul.

Wilangan 23

Wilangan 23:1-13