Wilangan 21:8-23 Kitab Sutji (JAV)

8. Nabi Musa nuli ndongakake umat iku, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira gawea rerekan ula mandi, banjur kapanjera ing cagak; ing kono saben wong kang kacakot, mangka tumuli mandeng marang rerekan ula iku, bakal lestari urip.”

9. Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.

10. Wong Israel banjur padha budhal sarta leren ana ing Obot.

11. Sawuse budhal saka ing Obot banjur padha nginep ing sacedhake jugrugan ing Abarim, ing pasamunan kang kaprenah ana ing sawetane tanah Moab.

12. Nuli padha budhal saka ing kono, sarta lereb ana ing lebake kali Zered.

13. Sawuse budhal saka ing kono, banjur padha nginep ana ing sabrange kali Arnon, kang ana ing pasamunan, sarta kang metu saka ing tlatahe bangsa Amori; dene kali Arnon iku dadi tapel-watese tanah Moab, kaprenah ana ing antarane bangsa Moab lan bangsa Amori.

14. Mulane ing buku critane perange Pangeran Yehuwah dipratelakake: “Waheb ing Sufa lan lebak-lebake kali Arnon,

15. sarta peperenge lebak-lebak; pepereng iku ambane nganti tekan ing papan prenahe kutha Ar, mepet karo tapel-watese tanah Moab.”

16. Saka ing kono lakune menyang ing Beer, yaiku sumur kang kadhawuhake dening Yehuwah marang Nabi Musa mangkene: “Bangsa iku sira klumpukna, nuli bakal Sunparingi banyu.”

17. Ing nalika iku wong Israel ngrepekake kidung kang surasane:“He, sumber, mumbula! Ayo padha kekidungan sesauran,marga saka sumur, kang kadhudhuk dening para raja iki,

18. kang didhudhuk dening para panggedhe ana ing satengahe bangsa ikukalawan jungkating karajan, kalawan tekene.”Saka ing pasamunan banjur padha budhal menyang ing Matana;

19. saka ing Matana menyang ing Nahaliel; saka ing Nahaliel menyang ing Bamot,

20. lan saka ing Bamot menyang ing lebak, ing wewengkone tanah Moab, sandhing pucake gunung Pisga, kang ngadhepake Ara-ara Samun.

21. Sawuse lelakon iku wong Israel nglakokake kongkonan marang ngarsane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, prelu ngaturake panyuwunan mangkene:

22. “Kawula mugi sami kalilana langkung ing nagari paduka, kawula badhe boten nyleweng dhateng pategilan utawi dhateng pakebonan anggur paduka, inggih boten badhe ngombe toyaning sumur paduka; namung margi ageng kemawon ingkang badhe kawula langkungi ngantos dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”

23. Nanging Sang Prabu Sihon ora nglilani wong Israel ngliwati wewengkone, malah banjur nglumpukake wadya-balane kabeh, lan methukake wong Israel menyang ing pasamunan; satekane ing Yahas banjur nempuh perang nglawan Israel.

Wilangan 21