Wilangan 21:19-25 Kitab Sutji (JAV)

19. saka ing Matana menyang ing Nahaliel; saka ing Nahaliel menyang ing Bamot,

20. lan saka ing Bamot menyang ing lebak, ing wewengkone tanah Moab, sandhing pucake gunung Pisga, kang ngadhepake Ara-ara Samun.

21. Sawuse lelakon iku wong Israel nglakokake kongkonan marang ngarsane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, prelu ngaturake panyuwunan mangkene:

22. “Kawula mugi sami kalilana langkung ing nagari paduka, kawula badhe boten nyleweng dhateng pategilan utawi dhateng pakebonan anggur paduka, inggih boten badhe ngombe toyaning sumur paduka; namung margi ageng kemawon ingkang badhe kawula langkungi ngantos dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”

23. Nanging Sang Prabu Sihon ora nglilani wong Israel ngliwati wewengkone, malah banjur nglumpukake wadya-balane kabeh, lan methukake wong Israel menyang ing pasamunan; satekane ing Yahas banjur nempuh perang nglawan Israel.

24. Nanging digecak dening wong Israel klawan landheping pedhang, sarta nagarane nuli diejegi, wiwit ing kali Arnon tutug ing kali Yabok, nganti tumeka ing tapel-watese tanahe bani Amon, amarga tapel-watese wilayahe wong bani Amon iku santosa.

25. Wong Israel padha ngrebut sakehe kuthane, sarta padha ngenggoni kuthane bangsa Amori kabeh, yaiku ing Hesybon lan ing sawewengkone kabeh.

Wilangan 21