7. Tumuli taler Zebulon, pemimpine bani Zebulon yaiku: Eliab bin Helon.
8. Balane kang kacacahake ana seket pitu ewu patang atus.
9. Gunggunge bala kang kacacahake ana ing tarube Yehuda, miturut golongane ana satus wolung puluh nem ewu patang atus. Iku samangsa budhal anaa ing ngarep dhewe.
10. Panji-panjine taler Ruben ana ing sisih kidul, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Ruben yaiku: Elizur bin Syedeur.
11. Balane kang kacacahake ana patang puluh nem ewu limang atus.
12. Kang lereb ana ing sandhinge yaiku taler Simeon, kang dadi pemimpine bani Simeon yaiku: Selumiel bin Zurisyadai.