1. Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
2. “Sira clathua marang wong Israel sarta sira jalukana teken siji kanggo saben taler, sakehe pemimpine miturut talere leluhure, masrahna siji-siji, dadi kabeh ana teken rolas. Teken mau siji-sijine katulisana jenenge pemimpin kang nduweni,
3. nanging tekene Lewi iku sira tulisana jenenge Harun. Dadi saben pemimpin taler kudu ana teken siji.
4. Teken mau banjur padha sira selehna ana ing jero Tarub Pasewakan ing ngarepe pethining angger-angger ing papan kang adat saben Sunagem pepanggihan klawan sira kabeh.
5. Wong kang Sunpilih iku tekene bakal semi; kaya mangkono anggoningSun bakal ngendhakake panggrundele wong Israel kang ditujokake marang sira, temah bakal wus ora prelu Sunpireng maneh.”
6. Nabi Musa banjur ndhawuhake iku marang Israel, tumuli saben pemimpin ngaturake teken siji, miturut talering leluhure, dadi kabeh ana teken rolas lan tekene Imam Harun iya awor karo teken-teken iku.