Wilangan 16:42-45 Kitab Sutji (JAV)

42. Kacarita bareng umat mau padha mapali nglawan Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha ngadhepake Tarub Pasewakan, lah tarube tumuli katon kalimputan ing mega, sarta cahya kamulyaning Yehuwah ngetingal.

43. Nabi Musa lan Imam Harun banjur padha sowan marang ing ngarepe Tarub Pasewakan.

44. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa:

45. “Sira padha sumingkira saka ing satengahe umat iki, wong-wong iku bakal padha Suntumpes sakedhap netra.” Karone banjur padha sumungkem sujud.

Wilangan 16